Rabu, 05 Juni 2013

soal ulangan harian bahasa jawa


I.            Wenehana tandha ping ( x ) ing salah sijining aksara a,b,c, utawa d jawaban kang paling mathuk !
1.      Amarga adem, simbah ngombe teh anget. Krama aluse ngombe yaiku….
a.       sare                                                            c. dahar
b.      Ngunjuk                                                    d. mangan


2.      Nalika bapak mulih, aku lagi mangkat ngaji. Krama aluse mulih yaiku…
a.       Bidal                                                         c. kondur
b.      Tindak                                                       d. lunga
3.      Pak Syamsul ngendika, yen aku karo Ibnu kudu sregep sinau. Sing kalebu basa krama alus yaiku....
a.       Yen aku                                                     c. karo
b.      Kudu                                                         d. ngendika
4.      Mas Andi lagi sinau bahasa jawa ing kamar. Sing dadi wasesane yaiku…..
a.       Mas Andi                                                  c. Bahasa jawa
b.      Lagi sinau                                                  d. ing kamar
5.      Pakdhe Dirun tindak Surabaya dinten Ahad. Ukara Surabaya kadapuk dadi….
a.       Jejer                                                           c. lesan
b.      Wasesa                                                      c. Katrangan
II.            Isenana cecek-cecek ing ngisor iki karo tembung kang mathuk!
1.      Simbah saweg tuku jamu. Krama aluse tuku yaiku…..
2.      Mas Andi ngomong yen aku kudu sregep sinau. Krama aluse ngomong yaiku....
3.      Bocah-bocah yen lagi mangan kudu njagong. Krama aluse mangan yaiku....
4.      Bapak mundut sepeda ing toko Semarang. Sing kadapuk lesane yaiku...
5.      Simbah putri saweg ningali sinetron. Sing kadapuk jejer yaiku.....
III.            Wangsulanan pitakon-pitakon iki kanthi mathuk!
1.      Bapak wis teko saka kantor. Ukara iki dadekna ukara karma alus!
________________________________________________________________________________________________________________________________________________
2.      Aku lagi nonton balap motor ing GOR satria. Ukara iki golekana J, W, L lan katrangane!
________________________________________________________________________________________________________________________________________________

Tidak ada komentar:

Posting Komentar